spot_img
BerandaBudayaRepublik Janji Manis, Hasilé Pahit Kaya Kopi Gosong

Republik Janji Manis, Hasilé Pahit Kaya Kopi Gosong

Pekerjaan informal nyebar kaya rujak uleg ing pasar: ana tukang parkir dadakan, penyanyi lampu merah, penjual tisu, ojek ruwet… Negara mung ngibing ning pinggir, ngarep-ngarep pajak, tapi ora gelem menehi perlindungan.

Dhen Ba Gus e Ngarso

Mengapa muncul kesan “negara miskin”?
Yo mergo saben dina awake dhewe dipaksa ndelok tontonan gratis sing judulé:
“Urip Ing Negeri Sing Akeh Janji, Sethithik Bukti.”

Banjir teka saben taun, nganti wong-wong mikir:
“Iki banjir apa tradisi turun-temurun kaya nyadran?”
Jalan rusak saben meter, nganti sing numpak motor kudu nduwé skill slalom.
Sekolah ambruk? Ah, kuwi mung tandha yen bangunané mung kuat nganti musim anggaran rampung.

Upah minimum?
Kerepé mung minimumé wae, upahé ora ketok.
Gajiné mung cukup kanggo urip seminggu,
sisane manut nasib lan doa.

Korupsi yo ora kalah rame.
Pejabat dodolan integritas, tuku mobil mewah,
nggugah masyarakat nganggo pidato moral,
padahal moralé dhewe wis digawe lauk didadar karo fulus.
Ngrasani korupsi ing kene kuwi kaya ngrasani cuaca:
kabeh wong ngerti, ora ana sing kuwat ngapa-ngapa.

Lingkungan rusak?
Lha wong wit-wit digunduli, gunung digerek, laut diciduk,
sing entuk cuma segelintir,
sing kena musibah kabeh warga sak kampung.
Banjir bandang teka,
pejabat ngomong, “Iki cobaan.”
Wargané mikir: “Cobaan kok sing nglakoni kita, sing seneng-seneng kowe?”

Pekerjaan informal nyebar kaya rujak uleg ing pasar:
ana tukang parkir dadakan, penyanyi lampu merah, penjual tisu, ojek ruwet…
Negara mung ngibing ning pinggir,
ngarep-ngarep pajak,
tapi ora gelem menehi perlindungan.

Harga sembako?
Wah iki lucu.
Regané munggah kaya layangan ing musim angin,
pendapatané tetep kaya watu ing dasar sumur—
mblasuk lan ora gerak.

Mula yen ana sing ngomong Indonesia iki negara miskin,
sejatine ora.
Negara iki duwe tambang, hutan, laut, sawah, kebon…
Pokoke sugih.
Miskiné mung siji: akal sehat lan keadilan sing kok ndilani ora ketok-ketok.

Kaya omah megah sing gentengé bocor:
bangunane apik, nanging yen udan tetep teles.
Koyo ngono kahanan negara iki:
kaya sugih, nanging
uripe padha melarat karo kelakuan sing ora disingkiri.

RELATED ARTICLES

Most Popular

Recent Comments