Oleh : Dhen Ba Gus e Ngarso
Ada masa ketika urip (hidup) ora maneh njaluk kita mlayu.
Kadang, urip mung ngajak kita lungguh sakwayah-wayah, ngaso sebentar, narik napas panjang, lan krungu swara alus sing asalé saka njero ati. Swara sing asring kita abaikan, nanging terus mengetuk, mengingatkan: “Ngertio dhisik, ojo kesusu.”
Pelan-pelan, kita sinau memahami.
Bahwa ora kabeh sing dikersakaké kudu teka sakcepete.
Bahwa jagad iki nduwé cara sendiri kanggo nguji kesabaran, mbukak luka sing didhelikaké, lan nguatké perkara-perkara sing biyèn ringkih. Gusti lan alam ora grusa-grusu; kabeh ana wektu lan titi wanciné.
Banjur, kita sinau nampa.
Dudu amarga kita nyerah, nanging amarga ati wis ngerti kapan kudu mandheg nglawan arus. Ing budaya Jawa, ana pitutur: “Nrimo ing pandum, dudu pasrah tanpa usaha.”
Nrimo iku pasrah sing eling—pasrah sing isih nyekeli tekad, ning ora maksa dalan sing ora dadi bagianku.
Ana kekuwatan alus ing wong sing gelem ngalah.
Ngalah dudu kalah; ngalah iku ngerti yen ora kabeh kudu direbut. Kadang, sing kita perlukan mung langkah alon, nanging mantep. Senyum tipis sing ora kanggo pamer bahagia, nanging tandha yen kita isih eling arah, sanadyan langkah mung sithik-sithik.
Kita tetep mlaku.
Senadyan mlakuné abot, kaya nglawan angin lembut pantai Kidul ing sore hari.
Kita tetep ndeleng maju, senadyan sok-sok pandangan burem merga ati kebak uneg-uneg.
Lan kita tetep kuat.
Kuwat dudu tegese ora tau ambruk, nanging karena kita wis kaping pira-pira milih nyusun wake dhewe maneh. Kaya patung batu Candi di lereng Merapi sing direndem hujan lan panas, nanging ora gampang rubuh amarga pondasine wis ngakar.
Ing pungkasané, kabeh pancen nglirih… mengalir dhewe.
Kaya kali sing menekuni dalane tanpa memaksa, kita sinau dadi lentur:
nampa watu-watu kecil sing nabrak, ngetutaké liku tanah, lan percaya yen saben aliran mesthi nuju panggonan sing wis disiapké.
Ing kepasrahan, kita nemokaké wening.
Ing wening, kita nemokaké jejering ati sing anyar—luwih lembut, luwih tenang, lan luwih ngerti makna urip sing sejati.
Lan kaya wong Jawa biyèn ngendika,
“Sapa sing bisa meneng lan eling, bakal luwih gampang ngliwati badai.”
Dari pasrah, kita ora dadi ringkih.
Saka pasrah, kita justru dadi manusia sing wutuh—sing ngerti kapan kudu menggenggam, kapan kudu melepas, lan kapan kudu mung mengalir supaya ora pecah.

